Kamis, 27 Oktober 2016

Cerita Cekak (Cerkak) - Blajar Nunggang Sepedah


Nunggang sepedah
.
Jijah, bocah cilik sing sumringah lan grapyak, lagi deleng sepeda cilik nang pojok gudang tanpa kedhep. Pikire dikebaki khayalan sing nyenengake lan nantang. Umpamane mengko dheweke bisa nunggang sepeda, dheweke arep gabung karo Pitul lan Genos ngubengi desa nganggo sepeda. Sajrone iki Jijah mung bisa ndeleng dekne kabeh dolanan sepedah ngubengi desa. Jijah ora bisa nunggang sepeda, Pitul lan Genos ora mblajari Jijah mergo wedi Jijah tumiba lan dekne kabeh didukani wong tuwane.

Nanging, pas binggo marani sepeda cilik kuwi, tibake ban ngarep lan buri, sakarone padha-padha kempes. bokmenawa bocor bokmenawa uga uwis bubrah. Sepeda iki pancen wis tuwa. Sabenere Jijah pengen kepati-pati blajat nunggang sepeda, ning Jijah uga wedi kepati-pati tumiba. Ndisik bapake wis tau mbujuk kanggo sinau tunggang sepeda, Jijah mung meneng mergo kewedine luwih kuwat ketimbang kekarepane kanggo bisa tunggang sepeda.